Ob

iklan 2

KELAS ANYAR

Senen iki dina kapisan mlebu sekolah, sawuse peri kurang luwih sewulan. Esuk umun-umun Ita lan adhi-adhine : Wondo lan Harni padha nyawisake keperluane dhewe-dhewe. Bocah telu sawise adus banjur dandan nganti mlithit. Sawise nganggo klambi sragam, nuli pamitan marang bapak lan ibune. Kring, kring, kring Daryati ngebel Ita, Ita weruh klebate Daryati banjur gita-gita ngetokake sepedhahe. Nuli bocah loro mangkat bebarengan.

Ita lan Daryati anggone kekancan wis raket banget. Nalika ing SD bocah loro tansah runtang-runtung. Ana kelas siji SMP, Ita karo Daryati ora dadi siji. Nanging ana kelas loro dadi sekelas maneh, yaiku kelas IIB. Jam enem seprapat Ita lan Daryati tekan ing sekolahan. Ita rada kaget awit wis akeh bocah-bocah sing padha teka. Kepingin ngerteni kelase sing anyar. Kelase Ita lan Daryati padha yaiku kelas IIB. Sawise markir sepedhahe. Ita lan Daryati nggabung bocah-bocah sing padha nggrombol.

Ita lan Daryati mlebu kelas. Iki bener kelase dewe? Pitakone Ita marang Daryati. Daryati mangsuli : Bener. iki kelase dewe! Marga rumangsa bener, Ita lan Daryanti banjur nyoba lungguh, kepenak orane menawa nampa wulangan. Wekasane bocah loro mlih larikan bangku kapindho saka ngarep. Ora let suwe krungu suwarane bel. Bocah-bocah gemruduk metu menyang latar banjur padha baris. Sawise bocah-bocah wis padha baris tharik-tharik nuli upacara diwiwiti. Sing dadi Inspektur Upaca Senen Iki Bapak Kepala Sekolah. Nalika wektu amanat Inspektur Upacara Bapak Kepala Sekolah, dhawuh supaya luwih mempeng anggone sinau.

Artikel Terkait Lainnya Seputar:



0 comments:

Posting Komentar

iklanku

blogspot tutorial,blog,tips blogging

b-0link

Free Smart Automatic BacklinkMajlis Link OtomatisMalaysia Free Backlink Services FreewebsitepromotionLink Portal Teks TVAutoBacklinkGratisjapanese instant free backlink Free Plugboard Link Banner ButtonFree Automatic Backlink Service Loading

bidz